468x60 ads




Geguritan "kangen"

Tresnaku Lan Sliramu


Pirang-pirang dina iki
aku lan sliramu durung bisa ketemu
rasane ora tentrem lan ora kepenak ning pikiranku
amarga ana rasa kangen ning atiku

  Sakwise aku bisa ketemu
          marang sliramu sing tak tunggu
          tak sawang soroting mripat mu
sing kebak kangen rindu

Seneng rasaning atiku
bisa ketemu marang sliramu
sing tak tunggu

          Sanajan kudu pisah karo sliramu
nanging iki wes dadi dalan
dalan saka kersaning gusti
        sing kudu disyukuri lan dilakoni

( Isnaini Nurrochmah )

0 komentar:

Posting Komentar